02/09/14

Contoh Geguritan Tanjung Emas

17.02 Posted by Atonaru 1 comment
Atonaru Blog-Berikut bagi teman-teman Atonaru Blog yang sedang mencari tugas Bahasa Jawa, tentang contoh Geguritan dengan judul Tanjung Emas. 

image: google

Contoh 1 : 

TANJUNG EMAS 

Papanmu pinggir samodra
Gedhe labuhmu marang Negara
Baitha-baitha
Saben dina teko lungo
Padha lelayaran
Saka manca Negara
Teka ing nusantara
Para wiyasa mira
Nrajang ombaking samodra
Ora peduli angin gedhe
Ora peduli panasing srengenge
Tanjung Emas
Jenengmu cinatha sejarah
Nganggo mangsi retna
Prasasti saka karang jati
Dadi saksi Labuhmu marang nagari

 Contoh 2 : 

TANJUNG EMAS 

Lirap-lirap ombaking samudra
Sumiliring angin ngosikake piker
Jembaring samudra tanpa wates
Akeh prau padha lelayaran
Kang nglabuh tanpa pakewuh
Pelabuhan kuna kang nembe binangun sae
Dadia renaming kang padha teka
Uga baita manca Negara
Dumadiya pelabuhan samodra
Tanjung Emas kang nama
Pinetri ing prasasti
Sela geng seket telu tan awratipun

Semoga bermanfaat..

sumber: berbagai sumber

1 komentar:

  1. TANJUNG EMAS

    Kuning rupanr
    Larang regane
    Mestine akeh jumlahe
    lan sakpanungggale
    wis Sakmene

    BalasHapus